Minggu, 24 November 2013
Tukang Daging Ora Nduwe Utek
Esuk-ésuk tukang daging ngorong-ngorong segelemé dhéwék liwat ning ngarep umah .
Tukang Daging : “Dagiiiiiing Murahhhh! Dagiiiing Murahhhhh!”
Suarané mbengok, kasar lan lara dirungokena nang kuping.
Yu Dartun tanggané inyong sing lagi lara untu wis rong dina ra mari-mari krungu bengoké tukang daging sing dibolan-baléni nang ngarep umahé dadi kesuh.
Yu Dartun : “Hei tukang daging! Rika ora duwé utek ya….!!!???
Tukang Daging : “Wah seniki keleresan mboten bekta Bu, dospundi menawi ngenjang kula bektakaken? Seniki keleresan kula namung mbekta daging kalih thethelan thok…..”
Yu Dartun: Dengkulmu abuh…………@!###$$?!!!!!!!???????`
Label:
CERITA
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar