Pages

Minggu, 24 November 2013

Penangkal PETE kuwi ya JENGKOL

Kang Péyang jan ora lumrah. Sing arané hobi mangan peté kuwé ora ana polé. Nék bojoné masak apa baén njaluké karo peté. Njangan oséng-oséng kangkung, njaluké dicampur karo peté. Njangan kethéwél ya karepé dicemplungi peté bén rasané kaya ana daging2é sepetit jéré. Apa maning nék bar mancing maring kali mburi omah olih iwak mélem atawa lunjar, wis kudu lalapané nganggo peté. Semboyané dhéwéké jéré kaya iklan minuman terkenal….apapun makanannya….pokoké ana peté.

Sakjané masak peté iku ora sepira keselé,  jéré bojoné. Tapi ya kuwé….pasca operasi peté …sakwisé madhang kuwé sing perlu diwaspadai.
Lha pimén…kamar mandi sing mauné mambu wangi…dadi mambu deodoran rasa pete. Nék kandaan karo kang Péyang kudu nutup irung terus merga ora tahan semerbak wewangian khas peté.
Tapi Kang Peyang tetep nekat karo hobine sanajan akeh dampak global akibaté.
Saking sengite dioméhi baén karo bojoné akoné ngilari peté, Kang Péyang kepeksa golet cara pimen ben tetep bisa nyalurna hobi berate mangan pete anangin bisa meminimalisir dampak ekologi sing ditimbulkan (weleh.. kaya bahasane pejabat lingkungan hidup ya). Jane Peyang wis takon neng ngendi2 karo sapa2 tapi ora ana jawaban sing pas karo atine. Akhire neng ngendi maning nek ora takon maring bathir soulmate yaiku Panjul.
Peyang : “Njul, ngénéh sedéla lah, Inyong arep kandaan serius kiyé”.
Panjul   : “Ana apa sih Kang koq sajak wigati banget…?”
Peyang : “Kiyé ana salah sijining hobi inyong tapi jéré merusak lingkungan global..”
Panjul : “Bahasamu kue lho …Kaya pejabat baé…kayongé abot temen masalahé, lha pimén..?”
Peyang : “Rika khan ngerti hobiné inyong mangan peté.”
Panjul   : “Wakakaka…..Lha ya ora ngerti maning….lha ganu khan sering karo inyong maring keboné mbah Kirtun mét peté bareng2 nganti mabok mergané kuaregen peté…!Durung mareni apa hobiné rika sing awit cilik kuwé?”
Peyang : “Pimen maning, wis kadung tresno, angel golé maréni, paribasané peté is the best Njul. Justru inyong arep takon karo ko pimén carané bén inyong tetep bisa mangan peté tapi ambuné sakwisé mangan kuwe bisa ilang….”
Panjul : “Oalah Kang….Kang…gitu aza koq repotzz …Kaya kuwé bé puyeng2…Nék gur kaya kuwé sih inyong bisa njawab. Dijamin jawabané memuaskan!”
Peyang : “Iya tapi gagéyan jawabané apa….inyong temenan pingin ngerti bén ora dipaido terus karo bojoné inyong….! “
Panjul: “Nék Kang Panjul péngin mangan peté tapi ambuné peté bén bisa ilang….gampang banget…..njajal baen resepe inyong..….bar mangan peté terus mangan jéngkol!!!!!.”
Peyang : *!?#!?X???…Penjorangan ko ya Njul….. serius temenan kiyé…”
Panjul: “Iya..inyong juga serius…..Jajal baén nék ora percaya…..bar mangan peté langsung mangan jéngkol, mesti ambuné peté ilang…….”
Peyang : “Lha seterusé, urusané mambu jengkol pimén…tanggung jawabmu ya……ngénéh tek bithi sisan ko..!!!”
(Panjul mlayu kapicirit ngumpet maring omahe juragan jéngkol….)
Jan-jané peté kuwé ana khasiat/manfaaté apa ora sih? Lha kuwé, maca baén tulisan kiyé.
——————————————————————————
Tips sehat:
Biasane nek pada keracunan jengkol kuwe ngrasakna gejala-gejala kaya kiyé:

Krasa nyeri wetengé
Mual-muntah
Kangélan/susah gole pipis utawa bahasa inyongé arané  ‘anyang-anyangen’.
Nek tingkatané lewih parah, volume banyu uyuhé (air kencing) kurang banget ora kaya biasané lan cokan/kadang-kadang dibarengi kambi bercak getih.

0 komentar:

Posting Komentar