Kang Panjul lagi seneng atiné. Kayongé bisnisé lagi lancar. Terus
ngajak anaké sing cilik dhéwék (Bawor) mangan bakso ning Pasar Pon
Purwokerto. Lagi énak2 nyruput duduh bakso……Anaké takon:
Bawor : Ma, …Rama, ……… kenangapa sih rambuté ramané ana uwané?
Panjul : Ya kiyé saben kowé nakal………. terus thukul uwané.
Anak : Ooooh ….kaya kuwé ya Rama……….. Berarti Ramané lewih nakal tinimbang Bawor ya Rama..?
Panjul : Lha….buktiné apa koq rama lewih nakal tinimbang ko, Wor?
Bawor : buktiné….anu Rama…nyuwun sewu…rambuté Mbah Kakung wis dadi uwan kabéh! Lewih akéh tinimbang Rama!
Panjul : #$%@:)! Lha…lha…kuwé., gleeegg..gleeg..gleeg..(ora krasa bakso telu keleg kabéh)
Pesan Mbah Kakung :
“Ati-ati ngajari bocah cilik, bisa-bisa kena awaké dhéwék…ya mbok..!”
Minggu, 24 November 2013
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar